Cari Blog Ini

Minggu, 28 Mei 2017

judule opo


Ojo bosen - bosen ndeleng tulisanku
Yo brow..padahal ogak enek seng moco,ngelirek ae ora iki yo mong tak gawe hburan,ngisi waktu timbang ngelu..hhhh
Jare wong-wong nek abot sirae yo di dekek..gampange wong ngomong,seng omong jal kon ndekek disek..brarti kabeh kie lak SAWANG-SINAWANG..mangkane urep kui ojo kakean nyawang, ben gak ngerambyang pikirane,koyo aku tak gawe nyuante koyo neng pantai padahal pantai kui ombak e gedi,akeh gelombang tinggi nek wong ngerti



seng marai salah paham ke lak nek ngonokui!!!
Gek omong opo,,mesti ora paham, seng nules wae ora dong
Ben sak kareppe penting atiku seneng,ogak ngerugekno wong!
Jenenge hidup kie kadang yo rugi kadang yo untong
,kadang yo drow..
Ogak wong bakulan tok seng rugi/untung
Aku maeng di jak koncoku metu neng pasar malem"tapi aku emohh.
Muleh-muleh dek e muni aku rugi ora melu..padahal aku berdagang yo ora,investasi yo ora,nanam modal yo ora..ngerti ngerti wes rugi??? Jal po yo ra kacel po piye
Trus maneh bedo dino aku di jak neng pasar malem neh...aku yo emohh enehh...
Lha kok muleh muleh jare "aku untong ra melu..jan untung ko endi neh,untong opo??lha wong aku ora maen ora opo jare untong!! Lha ngunuwi po yo ra kacell neh!!




Iki cerita gak ndue jalur, pokok penteng nules lho brow,,
Nek salah njalok sepurone seng akehh..hhh padahap ora enek seng moco ,mempeng GR ae



Walah jm dinding menunjukkan pkul 1:18 mlam..wes waktune tarek sarong...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar